Halaman

Sabtu, 31 Desember 2016

SYI'IRAN ALA GUSDUR


Ngawiti ingsun nglaras syiiran

Kerono nuprih ridho pengeran

Tur niat ngluruske pemahaman

Mergo saiki akeh penyesatan



Duh poro konco prio wanito

Ojo sembrono golek tulodho

Akeh menungso kang salah songko

Dikiro ulama jebul dosomuko



Luwes lathine medar ukoro

Ning sejatine mung golek dunyo

Syariat islam malah dinisto

Ajaran nyimpang malah dibelo



Kebujuk marang akeh gelare

Ora merhatekke omongane

Kalimat kufur dibanggaake

"Durung kelase" iku alesane



Jarene kae agomo ra penting

Sing penting apik marang liyane

Opo yo kae wes ra kelingan

Yen mung imane sing nyelametake



Akeh kang ngerti qur'an hadise

Malah mbingungke marang liyane

Kabeh agomo dibenerake

Mergo jarene ra ono bedane



Islam agomo paling sampurno

Ojo muk kiro liyane podo

Mergane Alloh ra bakal ridho

Karo agomo sing liyo liyo



Gusti kanjeng nabi sampun ngendikan

Akeh fitnahan kebak pacoban

Tumrap wong iman ing akhir zaman

Kang hanetepi jejege ajaran



Akeh maceme fitnahan kui

Annti toleransi ngrusak NKRI

Ning sejatine kang ngono kui

Wes peteng ati kebacut dengki



Kalimat tauhid iku harga mati

Kudu dicekeli tumeko pati

Tur den yaqini ing njero ati

Yen sesembahan iku Alloh siji



Marang kanjeng nabi lan poro wali

Ayo wasilah nyuwun ing gusti

Poro masyayikh lan poro kiai

Panutan ummat ayo do ngaji



Ngaluo syafaat nabi Muhammad

Kelawan sregep moco sholawat

Ngagekno tobat ninggal maksiyat

Uripe selamat ndunyo akhirat



Ahlussunnati wal jama'ati

Thoriqunnabi wa ashhabihi

Maktubun fii hadisinnabawy

Maa ana alaihi wa ashaby